
Oleh: Muhammad Adib Shofwan
Khutbah 1
الْحَمْدُ للهِ الَّذِى مَنَّ عَلَيْنَا بِرَسُوْلِهِ الْكَرِيْمِ وَهَدَانَا بِهِ اِلَى دِيْنِ الْقَوِيْمِ وَالصِّرَاطِ الْمُسْتَقِيْمِ وَأَمَرَنَا بِتَوْقِيْرِهِ وَتَعْظِيْمِهِ وَتَكْرِيْمِهِ وَتَبْجِيْلِهِ وَفَرَضَ عَلَى كُلِّ مُسْلِمٍ اَنْ يَكُوْنَ اَحَبَّ اِلَيْهِ مِنْ نَفْسِهِ وَاَوْلاَدِهِ وَخَلِيْلِهِ وَجَعَلَ مَحَبَّتَهُ سَبَبًا لِمَحَبَّتِهِ وَتَفْضِيْلِهِ اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللَّهُ اَلرَّؤُوْفُ الرَّحِيْمْ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ ذُوْ الْجَاهِ الْعَظِيْمِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى سَائِرِ الْمُرْسَلِيْنَ وَاَلِ كُلٍّ وَالصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَي يَوْمِ الدِّيْنِ قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِي رَسُولِ اللَّهِ أُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِّمَن كَانَ يَرْجُو اللَّهَ وَالْيَوْمَ الآخِرَ وَذَكَرَ اللَّهَ كَثِيرًا.الأية يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ اتَّقُواْ اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ اَمَّا بَعْدُ.
Para sedherek kaum Muslimin Rahimakumullah ! Minangka purwakaning atur, monggo sesarengan kito tansah ambudidaya ningkataken iman lan taqwo kita dhumateng Allah SWT minangka wujud syukur kita atas kanugrahanipun. Ningkataken taqwa kanti kito tambahi amal-amal ketho’atan dumateng Allah dan kito tebihi pacegahane lan laranganipun Allah. Shalawat saha salam mugi kunjuk dhumateng panjenenganipun Rasulillah Muhammad SAW ingkang sampun kersa nuntun manungsa dhateng margi ingkang leres.
Setunggal kewajiban kagem tiang mukmin saksampunipun makrifat lan iman dumateng Allah kanti yaqin lan kukuh adalah ngimanaken dumateng kanjeng Nabi Muhammad SAW soho membenarkan atas sedoyo perkawis engkang Kanjeng nabi beto saking ngersane Allah SWT. Kewajiban manungso boten berhenti wonten meriku ananging manungso engkang beriman ugi kuwajiban mahabbah lan cinta dumateng Allah soho Kanjeng Rosul Muhammad SAW..Dawuhipun Gusti Allah wonten Surat At-Taubat ayat 24:
قُلْ إِن كَانَ آبَاؤُكُمْ وَأَبْنَآؤُكُمْ وَإِخْوَانُكُمْ وَأَزْوَاجُكُمْ وَعَشِيرَتُكُمْ وَأَمْوَالٌ اقْتَرَفْتُمُوهَا وَتِجَارَةٌ تَخْشَوْنَ كَسَادَهَا وَمَسَاكِنُ تَرْضَوْنَهَا أَحَبَّ إِلَيْكُم مِّنَ اللَّهِ وَرَسُولِهِ وَجِهَادٍ فِي سَبِيلِهِ فَتَرَبَّصُواْ حَتَّى يَأْتِيَ اللَّهُ بِأَمْرِهِ وَاللَّهُ لاَ يَهْدِي الْقَوْمَ الْفَاسِقِينَ
Ngucapo siro (Muhammad): Lamuno bapak-bapak siro kabeh, anak-anak siro kabeh, sedulur-sedulur siro kabeh, bojo-bojo siro kabeh, kerabat siro kabeh, bondo-bondo kang podo siro hasilake, dagangan kang siro podo kuwatir ora bati, omah-omah kang gumunake iku luweh den demeni marang siro kabeh tinimbang Allah lan utusanipun Allah soho berjuang ingdalem dalane Allah, mongko ngenti-ngentiyo siro hinggo Allah nekani kelawan perkarane Allah, Gusti Allah ora bakal nuduhake marang kaum kang fasiq kabeh. Dawuhipun kanjeng Nabi Muhammad SAW:
عَنْ أَنَسٍ قَالَ:قَالَ رَسُوْلُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ:لا يُؤْمِنُ أَحَدُكُمْ حَتَّى أَكُوْنَ أَحَبَّ إِلَيْهِ مِنْ وَلَدِهِ وَوَالِدِهِ وَالنَّاسِ أَجْمَعِيْنَ.رَوَاهُ الْبُخَارِيُّ فِي الصَّحِيْحِ
Saking sahabat Anas RA beliau ngendiko : Rosulullah shollowwahu alaihi wa sallama dawuh : Salah siji siro kabeh ora bakal iman (kang sampurno) hinggo aku luweh dicintai tinimbang anake, wong tuwane lan sedoyo mangungso. Hadits riwayat Imam Bukhori
Membangun cinta dumateng Kanjeng Nabi Muhannad SAW adalah salah setungaling kewajiban tiang mukmin, sebab niku dados syarat kesempurnaanipun iman. Lajeng…pripun caranipun kito supados saget menanam bening cinta dumateng Rosululloh wonten manah atii kito. Nderek dawuhipun lan tindak lampahipun poro alim ulama’ dalam langkah usaha membangun cinta dumateng Kanjeng nabi Muhammad SAW:
Setunggal, Kito kenal pribadi beliau, sebagai seorang rosul ugi sebagai manungso biasa. Sejarah kehidupan manusia agung niki kito waos wonten ing kitab-kitab siroh nabawiyyah, buku-buku sejarah kehidupan beliau dan kitab-kitab maulid engkang mengkisahkan kehidupan manungso agung niki. Kito kenal lan pelajari akhlak beliau engkang sangat agung lan mulyo, sebab punopo? akhlak beliau adalah Al Qur’an, pengejewantahan saking akhlak al qur’an meniko saget kito pendet lan ditingali saking tindak lampah kehidupan kanjeng Nabi.
Setunggal conto: Rumiyen naliko kanjeng nabi taseh alit nderek pamanipun Abi Tholib, panjenenganipun angon mendo/wedus. Naliko angon mendo, terkadang wonten mendo engkang keri, pisah saking gerombolanipun, kadang malah kesingsal. Menawi engkang angon kito, wonten wedus keri, nopo engkang kito lakukan? di oyak terus diseblak to…Niki manungso biasa. Menawi Rosulullah shollallahu alaihi wa sallama boten, menawi wonten wedus engkang keri, panjenengane pendet lan dipun bopong mendo meniko…Subhanalloh, meniko sayangipun kanjeng nabi kaleh hayawan.
Kapeng kaleh, usaha kito kangge nglebetaken cinta dumateng Rosululloh Muhammad shollowwahu alaihi wa sallama inggih meniko kanti menanamkan asmi Muhammad Rosululloh, meniko kanti sering-sering maos sholawat dumateng beliau. Maos maulid sejarahipun beliau, sebab waosan maulid meniko isinipun sholawat lan kehidupan beliau. Sholawat engkang kito waos meniko kangge menanam benih cinta dumateng Rosululloh shollallahu alaihi wa sallama dan kangge nyiram ati kito kanti rahmatipun Alloh SWT.
Semakin katah lan sering kito menyebut asmo Rosululloh, maka semakin dalam kita menanam benih cinta kepada beliau. Tanda seseorang sudah ada rasa cinta adalah ada harga, ada qimah, ada greng…dihati kita ketika mendengar nama beliau disebut. Dan dengan sepontan bibir kita bersholawat, barang siapa mencintai sesuatu, maka dia akan senang dan sering menyebutnya.
مَنْ اَحَبَّ شَيْأً كَثُرَ ذِكْرُهُ
Kapeng tigo, usaha kito anggenipun menanam benih cinta dumateng Rosululloh kanti ngatahaken nderek punopo engkang beliau lampahi dan tindakaken. Saking sekedik kito lampahi punopo engkang beliau contoaken, saking engkang paling ringan, saumpani menawi bade ngagem sandal, kito kanti samparan tengen riyen, menawi bade ngunjuk kanti asto tengen lan kanti pinarak, menawi bade ten jamban kanti sikil kiwo rumiyen lan sakpanunggalanipun.
Meniko mangkeh saget nukulaken raos bilih kito menawi bade ngelampahi punopo kemawon, kito eleng kaleh kanjeng rosul, pripun beliau anggenipun ngelampahi. Kados engkang dipun lampahi kaleh Imam Ahmad Ibnu Hambal radhiyallohu anhu. Beliau menawi bade ngelampahi punopo kemawon pados hadise, pripun kanjeng rosul oleh ngelampahi. Subhanalloh.
Dados menawi wonten ati lan manah kito meniko Rosululloh niku dereng wonten qimah lan harganya…mongko ampun bilang cinta. Sebab konsekwensi saking sebuah cinta kito kedah wanton berkorban jiwo lan rogo kito kangge tiang engkang kito cintai. Para pecinta Rosul engkang hakiki meniko sampun dicontohaken kaleh poro sohabat beliau, pripun sayyidina Abu Bakar rodhiyallohu anhu ngerencangi kanjeng rosul nalikaneng hijroh saking Makkah tumuju Madinah.
Nalikaning wonten gua Tsur, rosululloh saking lelahipun sare wonten pangkuane Abu Bakar ra, kok ndadak dumadaan Abu Bakar samparane dicokot kaleh ulo. Anangin punopo engkang Abu Bakar perbuat, beliau namung mendel mawon menahan sakit demi supados Rosululloh boten wungu saking sarenipun. Subhanalloh.
Ketigo lampah meniko kedah kito usahaken lan perjuangaken supados nami beliau tertanam wonten ati kito lan muncul raos cinta engkang berbuah ketaqwaan lan iman engkang langkung sampurno. Mugi-mugi kito sedoyo keparingan hidayah lan taufiq kangge memperjuangkan cinta beliau lan diakoni dados umatipun kanti bukti cinta wonten ati kito amin Merayakan maulid Nabi utawi kelahiranipun kanjeng Rosul meniko saget kito lampahi kanti katah jalan lan coro, maos siroh maulid nabi meniko salah setunggalipun bentuk hormat atas kelahiranipun Rosulullah SAW, kito menyerap uswah kehidupan beliau kangge kito tiru dan kito tindakaken.
Pada intinipun, hormat dateng kelahiran kanjeng Rosul meniko saget kito lampahi kanti sedoyo bentuk ketho’atan dumateng Allah SWT. Sami ugi arupo maos Al-Qur’an, sodaqoh, shalat sunnah, I’tikaf, silaturrahim lan sak panunggalanipun. Pada intinya sedoyo perkawis engkang gadah nilai taqorrub dumateng Allah SWT meniko saget kito niataken hormat dumateng Kanjeng Rosul, sebab nopo..? meniko perkawis engkang dipun beto lan syariat engkang diamanataken Allah SWT lewat Rosul kangge umatipun.
Melalui mimbar jum’at niki, sumonggo kito kenali Rosulullah, kito pelajari kehidupanipun kangge kito conto supados kito saetu dipun akeni dados umatipun wonten ndonyo ngantos akhirat kanti pengajeng-ajeng angsal syafa’atul udhmanipun amin
قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ وَأَمَّا مَنْ خَافَ مَقَامَ رَبِّهِ وَنَهَى النَّفْسَ عَنِ الْهَوَى فَإِنَّ الْجَنَّةَ هِيَ الْمَأْوَى أقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهََ لِى وَلكَمْ وَلِوَالِدَيَّ وَلِوَالِدِيْكُمْ فَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّحِمِيْنَ.
Khutbah 2
الْحَمْدُ للهِ عَلَى إِحْسَانِهِ، وَالشُّكْرُ لَهُ عَلَى تَوْفِيْقِهِ وَاْمتِنَانِهِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ تَعْظِيْمًا لِشَأْنِهِ ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلِهِ اَلدَّاعِى إِلَى رِضْوَانِهِ. اَللهمّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. أَمَّا بَعْدُ ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَزَجَرَ. وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ وَبَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلاَئِكَتِهِ . وَقَالَ تَعَالَى : إِنَّ اللهَ وَ بِمَلاَئِكَتَهَ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهمّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَنْبِيَائِكَ وَرُسُلِكَ اَجْمَعِيْنَ وَارْضَ اللهمّ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِى التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ ، وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الراَحِمِيْنَ اَللهمّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اَلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ.اللهمّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَاَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ الْمُوَحِّدِيْنَ وَانْصُرْ مَنَ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ الْمُسْلِمِيْنَ وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنَ وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْمُبْتَدِعَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا ذُنُوْبَنَا وَكَفِّرْ عَنَّا سَيِّئَاتِنَا وَتَوَفَّنَا مَعَ اْلأَبْرَارِ. رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِاْلإِيْمَانِ وَلاَ تَجْعَلْ فِى قُلُوْبِنَا غِلاًّ لِلَّذِيْنَ آمَنُوْا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ .رَبَّنَا آتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ وَالْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. عِبَادَ اللهِ إِنَّ اللهَ يَأْمُرُبِالْعَدْلِ وَاْلِإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِى الْقُرْ=بَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. وَأَوْفُوْا بِعَهْدِ الله إِذَا عَاهَدْتُمْ وَلاَ تَنْقُضُوا اْلأَيْمَانِ بَعْدَ تَوْقِيْدِهَا .وَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزْدْكُمْ ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ وَهُوَ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ.