Khutbah Idul Adha: Ibadah Kurban dalam Cinta kepada Allah Swt


Oleh: M. Adib Shofwan

اَللهُ اَكْبَرُ (9) اَللهُ اَكْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ للهِ كَثِيْرَا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَاَصِيْلاً. لاَاِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَاَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ. لاَاِلَهَ اِلاَّ الله وَلاَنَعْبُدُ اِلاَّ اِيَّاه مُخلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنُ وَلَوْكَرِهَ الْكاَفِرُوْنَ. لاَاِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ اَكْبَرُ .اَللهُ اَكْبَرُ. وَللهِ الْحَمْدُ. اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِي اَفاضَ عَلَى أُمَّةِ مُحَمَّدٍ فَيْضَ الرَّحْمَةْ. وَاَكْرَمَهُمْ عَلَى سَائِرِ اْلاُمَّةْ. اَشْهَدُ اَنْ لَااِلَهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ. وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللهم صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. فَيَا اَيُّهَا النَّاسُ، اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْعَزِيْزِ: {{ وَبَشِّرِ الَّذِين آمَنُواْ وَعَمِلُواْ الصَّالِحَاتِ أَنَّ لَهُمْ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِن تَحْتِهَا الأَنْهَارُ

Poro rawuh jama’ah Idul Adha ingkang dirahmati Allah subhanahu wata’ala

Wonten enjing ingkang kebak rahmat niki monggo kita tansah raosaken puja lan puji syukur wonten ngerso dalem Allah subhanahu wata’ala kagem sedoyo limpahan nikmatipun, khususipun nikmat islam lan nikmat iman. Sholawat lan salam mugiyo tansah katur kunjuk dumateng baginda agung Muhammad shallallahu ‘alahi wasallam ingkang sampun beto syari’at agama islam ten bumi niki

Poro rawuh jama’ah Idul Adha ingkang dirahmati Allah subhanahu wata’ala

Sumonggo kita tansah ningkataken iman lan taqwa kita dumateng Allah subhanahu wata’ala kanti berusaha ningkataken amal lan ibadah kita dumateng Allah subhanahu wata’ala lan nebihi sedoyo awisan-awisanipun. Amargi kanti tambahe amal ibadah ini saged dados barometer minggahe kadar keimanan kita, sedoyo amal ibadah kita nun inggih minongko bentuk syukur kagem limpahan nikmat ingkah sampun kita sedaya tampi.

Poro rawuh jama’ah Idul Adha ingkang dirahmati Allah subhanahu wata’ala

Berkurban meniko amalan ingkang disunahaken nalikane dinten Idul Adha niki. Secara makna kurban utawa udhiyah yaiku hewan ingkang disembelih kangge marek dumateng Allah subhanahu wata’ala. Podo ugo arupi unta, sapi, kambing lan kerbau. Allah subhanahu wata’ala sampun berfirman :

فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ

“mongko sholato siro lan nyembeliho kerono pangeranmu” Imam Bukhori lan Imam Muslim ngriwayataken wonten hadits Rosulullah shallallahu ‘alahi wasallam:

عَنْ أَنَسٍ رَضِىَ اللَّهُ عَنْهُ قَالَ : ضَحَّى رَسُولُ اللَّهِ -صلى الله عليه وسلم- بِكَبْشَيْنِ أَمْلَحَيْنِ أَقْرَنَيْنِ وَذَبَحَهُمَا بِيَدِهِ وَسَمَّى وَكَبَّرَ وَوَضَعَ رِجْلَهُ عَلَى صِفَاحِهِمَا.

“Sangking Anas RA: Rosulullah shallallahu ‘alahi wasallam berkurban ngagem 2 mendho gibas kang gedhe tanduke, kanti kalih astane kanjeng nabi nyembelih, nyebut nama (Allah) lan bertakbir lan ndelehaken samparane ten jenjang jangganipun.”

Poro rawuh jama’ah idul adha ingkang dirahmati Allah subhanahu wata’ala

Sampun dados perkawis penting kagem kita sedaya bilih kurban meniko nun inggih ibadah, sedoyo ritual ingkang dipun sebat ibadah mesti enten makna khudu’ ketundukkan kita dateng Allah subhanahu wata’ala disamping makna lan hikmah inkang muncul disetiap ibadah niku. Wonten ibadah kurban enten semangat ngurip-urip makna pengorbanan kang agung ingkang nate dilampahi Nabi Ibrohim ‘alaihis salam. Nalikane Allah subhanahu wata’ala nyobo kanti perintah nyembelih putra kinasih Nabi Ismail ‘alaihis salam. Nalika kalih menungsa pilihan niki sampun mantep nglampahi perintah Pangeran semesta alam , Allah subhanahu wata’ala sampun perso keteguhan lan kesungguhan atinipun mongko Allah subhanahu wata’ala nurunaken mendho kibas gedi kangge ganti Ismail ‘alaihis salam sang putra kinasih.

Ritual niki nggadahi katah pelajaran kagem kita sedaya umat menungsa. Nabi Ibrahim angsal anugrah putra arupi Nabi Ismail nalika sampun yuswo tuo, tulang-tulang sampun melemah dan rikma sampun beruban. Anugrah arupi putra meniko nikmat ingkang agung sanget, ananging ugi saged dados fitnah lan cobaan saumpami ngadohaken marang Allah subhanahu wata’ala. Ten mriki Nabi Ibrohim ‘alaihis salam dicobo kalian Allah subhanahu wata’ala. Punapa nikmat ingkang arupi putra ingkang sanget dipun arepaken lan dambaaken saged ngalahaken demen lan keta’atan Nabi Ibrohim ‘alaihis salam dateng Allah subhanahu wata’ala. Alhamdulillahipun Nabi Ibrahim ‘alaihis salam berhasil nglewati cobaan lan ujian niki. Sedoyo bondo dunyo, putra lan garwa lan kabeh sedoyo isi dunyo mboten saged ngalahaken ketaatan lan demen dumateng Allah subhanahu wata’ala. Nikilah ingkang wajib kita tiru lan kita pendet suri tauladanipun Allah subhanahu wata’ala. sampunberfirman :

{{ قُلْ إِن كَانَ أَبَآؤُكُمْ وَأَبْنَآؤُكُمْ وَإِخْوَانُكُمْ وَأَزْوَاجُكُمْ وَعَشِيرَتُكُمْ وَأَمْوَالٌ اقْتَرَفْتُمُوهَا وَتِجَارَةٌ تَخْشَوْنَ كَسَادَهَا وَمَسَاكِنُ تَرْضَوْنَهَا أَحَبَّ إِلَيْكُم مِّنَ اللهِ وَرَسُولِهِ وَجِهَادٍ فِي سَبِيلِهِ فَتَرَبَّصُواْ حَتَّى يَأْتِيَ اللهُ بِأَمْرِهِ وَاللهُ لاَ يَهْدِي الْقَوْمَ الْفَاسِقِينَ }}

“ngucapo siro : “lamuno bapak-bapakmu, anak-anakmu, istri-istrimu, keluargamu, bondo dunyo ingkang sira usahaaken, dagangan ingkang sira kuatiraken kerugiane lan omah-omah ingkang mbok demeni ngluwihi demen marang Allah lan rasulipun lan jihad ten dalanipun mongko entenano nganti Allah menei keputusane lan Allah orak bakal maringi petunjuk kagem wong-wong kang fasiq”

Sangking arah niki hablum minan naas utowo sosial kemasyarakan kurban meniko dados penglipur lara kangge tiyang faqir lan miskin lan hidangan kangge sanak keluarga lan masyarakat. Kurban saged dados perekat tali perseduluran welas asih sangking tiyang ingkang mampu dateng tiyang ingkang kekurangan.

Poro rawuh jama’ah Idul Adha ingkang dirahmati Allah subhanahu wata’ala Berkurban hukumipun sunnah muakkad artosipun lamuno den lampahi angsal ganjaran lan umpomo ditinggal mboten angsal dosa. Ananging saged dados wajib menawi :

1. Nadhar: artosipun tiyang meniko menetapkan awake kangge marek dumateng Allah kanti berkurban kados dene ucapan : aku nadzar kanggo nglampahi kurban mongko kurban kolo wau dihukumi wajib.

2. Naliko tiyang aweh isyaroh kangge hewan ingkang dipun gadahi lan ngucap : iki kurbanku utowo ngucap aku arep kurban nganggo hewan niki mongko kurban menika dados wajib

Implikasi hukumipun yaiku nalika kurban bernilai sunnah mongko sohibul kurban angsal menawi badhe dahar daging kurban niku ananging seumpami kurban niku wajib mongko sohibul kurban lan keluarganipun yaiku tiyang ingkang wajib dipun nafkahi mboten angsal dahar daging kurban meniko .

Hewan ingkang saged kangge kurban yaiku unta, sapi, kebo lan mendho. Setunggal mendho kagem setunggal tiyang lan hewan lintune kagem pitu tiyang. Kagem unta kedah sampun umur 6 tahun , sapi 3 tahun, mendho 2 tahun utowo sampun poel yaiku tugel gigi gerahamipun. Hewan-hewan wau ugi kedah sehat, bebas sangking cacat lan penyakit. Mboten angsal kurban ngagem hewan kang cacat, penyakitan, kurus lan kerempeng.

Poro rawuh jama’ah Idul Adha ingkang dirahmati Allah subhanahu wata’ala.

Wekdal nglampahi kurban meniko awit riyoyo idul adha sangking mleteke srengenge luwih sitik sekirane saged damel sholat 2 rakaat ngantos surupe srengenge wonten dinten tasyrik. Ananging wekdal ingkang utama kangge nyembelih nun inggih sak sampunipun shalat idul adha. Kangge pembagianipun, daging kurban dibagi kanti keadaan dereng dimasak. Lan kangge tiyang ingkang kurban utamanipun mendet sekedik dagingipun kangge sarana tabarukkan lan sisanipun dibagiaken marang sederek lan tangga. Kagem tiyang ingkang sugih pemberian daging kurban kagem hadiah kangge didahar, mongko kanggone deweke mboten angsal adol daging meniko. Ewondene tiyang faqir angsal mawon badhe adol utowo dahar daging meniko. Kulit hewan kurban niku mboten angsal disade utowo didadeaken opah memotong utowo opah nguliti amargi ngurangi bagian sangking kurban lan ngrusaaken. Rasulullah shallallahu ‘alahi wasallam bersabda :

مَنْ بَاعَ جِلْدَ أُضْحِيَتِهِ فَلاَ أُضْحِيَةَ لَهُ رَوَاهُ الْحَاكِمُ ، وَالْبَيْهَقِى عَنْ أَبِى هُرَيْرَةْ

“ Sopo wonge adol kulit hewan kurban mongko ora ono kurban kanggo deweke” (HR Hakim lan Baihaqi sangking Abi Hurairoh)

Enten adab-adab lan kesunahan ingkang berhubungan kalian kurban. Sepisan , naliko sampun mlebet tanggal 10 Dzulhijjah lan sampun niat kangge kurban mongko disunahake supados mboten motong utowo ngilangaken rambut lan kukunipun Rasulullah shallallahu ‘alahi wasallam bersabda :

إِذَا رَأَيْتُمْ هِلاَلَ ذِى الْحِجَّةِ وَأَرَادَ أَحَدُكُمْ أَنْ يُضْحِىَ فَلْيُمْسِكْ عَنْ شَعْرِهِ وَأَظْفَارِهِ رَوَاهُ مُسْلِمٌ عَنْ أُمِّ سَلَمَةْ

Kapindo, disunahaken nyembelih dewe kagem hewan kurbanipun, saumpami mboten mampu mongko tiyang niku dipun perintahaken supados nyaksiaken utowo perso nalikane nyembelih , keranten tetesan getih pertama sangking hewan kurban niku wedal pengapuro sangking dosa-dosa ingkang smpun kalampah.

Kaping telu, disunahaken kangge hakim utowo pemimpin masyarakat kangge nglampahi kurban mendet sangking baitulmal utowo kas negara.

Poro rawuh jama’ah Idul Adha ingkang dirahmati Allah subhanahu wata’ala

Menikolah sekedik khutbah ingkang saget kita aturaken mugiyo enten manfaate lan saged kita dadosaken pelajaran kangge kita sedaya amin.

أقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهََ لِى وَلكَمْ وَلِوَالِدَيَّ وَلِوَالِدِيْكُمْ. فَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّحِمِيْنَ.

Informasi Keislaman Lainnya

Ngaji Haid

Oleh: M. Adib Shofwan 1. Pengertian Haid Haid atau haidl yaitu darah yang dikeluarkan seorang wanita dari urat (otot) pangkal rahim secara...

Tafsir Surat An-Nasr

 Oleh: M. Adib Sofwan Surat An-Nasr termasuk golongan Madaniyah, atau Surat yang turun di kota Madinah. Jumlah ayatnya sebanyak tiga dan...

Kisah Nabi Ibrahim as, Perjumpaan Sang Kekasih...

Oleh: M. Adib Shofwan Sebuah kisah, ketika Nabi Ibrahim as duduk sendirian, datanglah seorang tamu serupa laki-laki. Usai berucap dan berjawab...

Keutamaan Air Zamzam

??? ?????? ?? ?????? ???? ?? ????? ????? ???? ??? ???? ?? ???????? ??? ???? ??? ?????? ?? ?????? Hendaklah ia memperbanyak salat di Al-Hijir,...

Tiga Cara Membangun Cinta pada Nabi Muhammad SAW

Oleh: M. Adib Shofwan Kecintaan kita pada Nabi Muhammad SAW merupakan salah satu hal yang wajib kita pupuk dan kembangkan guna kesempurnaan...

Advertisement

Press ESC to close