KIAI DADEN DADEN

0
74

Wong akeh kumpul dadi siji, jenenge masarakat, kuwi jebole banget mbutuhake siji tokoh kang propesine KIAI. Lamun sing kumpul kuwi omah limo, durung patiko butuh, lha nek sing kumpul omah patangpuluh, wah masya Alloh, butuh nemen.

Ono ing masarakat kang manggoni RSS (rumah sangat sederhana) ing sijining kawasan Semarang, naliko wis ganep ono patangpuluh omah, mongko wong-wong iku podo kumpulan saperlu arep gawe pengurus RT. Sakwuse wis kebentuk mongko butuh gawe pertemuan selapanan, terus butuh kiai kang tukang ndongani.

Songko wong patangpuluh kuwi ora ono sing layak dadi kiai babar pisan. Ono siji wong kang dadi guru ning MTs jenenge Sulikin. Krono MTs kuwi sekolah agomo, mongko guru Sulikin iku didaulat dadi kiai kanggone wong sak RT. Padahal Sulikin kuwi ning MTs mulange olahraga, ora tau mondok mesantren babar pisan. Waleh-waleh opo sepuluh dadi rungpuluh kepekso deweke dadi tukang ndongo tiap selapanan RT, karang kadung didaulat.

Krono ora apal dongo, Sulikin tuku kitab primbon karangan KH Ahmad Abdulhamid ning toko buku kidul mejid Kendal. Terus ngapalke dongo mayyit, kang munine mengkene :

اللهم اغفر له (لمون وادون لها) وارحمه (لمون وادون ها) وعافه (لمون وادون ها)

Aturane tulisan ning njobo kurung kanggo mayit lanang, sing ning jero kurung kanggo mayit wadon.
Nanging krono Sulikin ora tau ngaji lan meguru, sak anane dongo kuwi diwoco kabeh. Nek ono wong pinter krungu mesti kepingkel-pingkel mergo kegugu. Nanging wong patangpuluh warga RT kuwi bodo kabeh, nek muni Amien malah seru-serunan pating ngglembor. Dasar kiai daden-daden, payah tenan. (MD Royyan).

TINGGALKAN KOMENTAR

Please enter your comment!
Please enter your name here